MAKANAN TRADISIONAL BASA JAWI
JAJANAN TRADISIONAL
1. APEM
Apem iku kalebu panganan tradisional , rasane sing legi nanging uga ana kecut-kecute sitik sing ngarai apem rasane tambah enak. Ing jaman saiki jajanan tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning pirang -pirang wilayah. kaya dene apem ,saiki wis jarang banget, biyasane apem iki di dol ning pasar-pasar tradisional, saliyane rasane sing legi kecut, wujude apem uga empuk lan alus teksture. Mula apem iki isa dipangan kanggao kabeh umur , saka sing tuwa tekan wong enom.
Apem iki digawe saka tepung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sering nyeut kenyos. Manfaate tape utawa kenyos iku supaya ana rasa kecute, aja lali gula jawa lan gula pasir nambah rasa legi lan enak. Sakliyane iku bahan-bahane kang digunaake yaiku ragi, banyu klapa, lan santen. Bahan-bahan iku kabeh diuleni kanthi rata, banjur dicetak nganggo cetakan khusus.
Sawise mateng lan ngembang biyasane apem dihidangne ora ngunakake godhong kaya dene panganan liya-liyane, nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
Miturut crito legenda, jajanan apem di gawa Ki Ageng Gribig sing isih keturunan Prabu Brawijaya sing mulih saka Tanah Suci. Ki Ageng Gribing gawa oleh-oleh 3 jajanan saka Tanah Suci, amarga cuma sithik, akeh sing ora kebagian, banjur jajan apem iki digawe maneh karo garwane, sakwise dadi, apem mau banjur di wenehno marang penduduk sekitar, penduduk rebutan apem, Ki Ageng Gribig bengok " YAQOWIYU'' sing artine " Gusti Alloh paringana kekuatan".
Panganan iki banjur dikenal masyarakat dadi jajanan apem, sing asale saka saduran bahasa arab "AFFAN" sing maknane Ampunan (pangapuro), Tujuane yaiku masyarakat kedah nyuwun ngapunten dumateng sang pencipta, selot suwe kebiasaan mbagi apem iki nganti acara-acara selametan arep bulan romadhon.
Maknanipun sami, nunjukaken wontenipun silahturahmi amargi benjangipun ugi di pun paringaken kalih tetanggi utawi santri (bilih wonten lingkungan pesantren). Wedalipun damel apem badhe romadhon.
2. LEPET
lepet yaiku panganan sing rasane gurih lan mboten mboseni, lepet yaiku panganan sing digawe saka beras ketan kang dicampur karo parutan klapa enom lan dimasak karo santen, lajeng dibungkus karo janur. Panganan iki nak wis mateng lan di dahar teksture pancen pliket amargi didamel saking ketan nanging rasane ora ana tandhingane.
Bahan kanggo gawe lepet yaiku : beras ketan putih, santen , klapa, uyah, godhong pandan digodhog karo diudek nganti umob. Banjur lebokne beras ketan nanging genine dicilikne, terus udek supaya kecampur lan ngresep, terus diangkat lan ditambahi parutan klapa dan disambi diudek, jupuk campuran mau banjur tutup nganggo turahan janur. Tali sing dinggo nali digawe saka pring. Godog malih kira-kira 60 menit karo geni sedhenagan wae.
Lepet biyasane digunakake piyantun jawi kanggo dhaharan menawi idul fitri, kupatan, wong meteng lan liyane. Lepet uga ora kur dikenal ana ing tlatah jawa nanging lepet uga dikenal nganti tanah sunda, ananging gedhene beda. Ana ing sumatra lan semenanjung malaya, ana ing aceh, minangkabau, lan melayu wonten panganan kang mirip yaiku lepat. Ananging lepat ngangem irisan gula aren lan parutan klapa lan uga dibungkus nganggo godhong gedang.
Sanajan lepet panganan murahan lan anane ana ing desa, ananging lepet duweni sejarah kang apik. Regane tur mboten larang. Gampang ditemokake. Kita para tiyang tlatah jawa, nduweni kewajiban kanggo nglestareake budaya, kuliner lan sedaya nandakake ciri-ciri khase tanah jawa.
Lepet meniko singkatanipun disilep sing rapet (dikubur sing rapet) maksutipun sak sampunipun kito ngakoni kalepatan ugi nyuwun ngapunten lajeng kalepatan meniko dipun kubur ingkang rapet kersane boten dadosaken dendam ngantos kabeto sedo.
3. LEMPER
lemper yaiku kuliner jajanan sing isih ora kesingkir karo perkembangan budaya nganti saiki. Kuliner jajanan sing nduweni cita rasa gurih iki isih kerep di temoni ana sak jeroning macem-macem kesempatan nang acara-acara sing mambu adat, mulai acara pernikahan nganti acara slametan . Nang zaman biyen lemper ngrupakake jajanan sing nduweni aji filosofi kekancan. Filosofi kuwi manggon nang beras ketanne sing kelet, iku nggambarake kekancanan sing rumaket lan disuwun iso kelet kaya ketan. Lemper dhewe awale isine arupa gebingan utawa sing wektu iki luwih populer karan serundeng, yaiku kambil enom sing diolah nganti dadi kaya abon. neng keluarga kerajaan neng zaman biyen, lemper diisi karo daging sapi sing dicacah utawa iwak pitik sing disuwir.
lemper nganti wektu iki isih dadi suguhan khas kanggo para dhayoh Sri Sultan Hamengkubuwana ning kraton Yogyakarta, lemper iki dikenal nganti menyang manca negara. Panganan iki dikenal nging kabeh nuswantara Indonesia dadi ganjele weteng sadurunge kalebon tahap panganan gedhe. Lemper ugi gadahi filosofi ingkang mendalam ingkang asalipun saking basa jawi gih meniko '' yen di lem atimu ojo memper'' ingkang artosipun yen naliko di pun sanjung milo manah jenengan sampun bombong. Wonten arti sanesipun wonten inggilipun langit meniko taksih wonten langit malih, lan boten pantes menawi kito nyombongaken, amargi manungso meniko namung sebagianalit saking dunyo menika.
4. JADAH UTAWA TETEL
Jadah utawa tetel yaiku salah sijine jajanan tradisional nuswantara sing saiki jarang ditemoni, kajabo pas acara-acara ritual, khususe ning jawa . Jadah iki biyasane ning jawa di gawe ana acara lamaran utawa pernikahan uga acara mitoni anak, iki nduweni makna lan arti dhewe. Jadah iku ngawene gampang-gampang susah, tapi pada karo wujute nak wis wis dadi, jadah iku nduweni tekstur sing lembut, kenyal uga gurih. Nak bosen mangan jadah ngono ae , isa ugo di goreng utawa di bakar.
carane gawe jadah
bahan :
- 500 gram beras ketan pethak
- 1/2 kambil enom , di parut dawa
- 75 ml banyu panas
- uyah secukupe
- godong gedang secukupe
carane gawe :
1.Pususi ketan nganti resik trus di rendem (dikom) suwene sewengi
2.Kukus ketan nganti setengah mateng , angkat
3.Campur ketan karo banyu, trus ditokne ae nganti banyu ngresep
4. Panasno panci pengukus, trus kukus ketan sampek mateng, angkat
5. Campur ketan kukus , kambil enom lan uyah , di aduk nganti rata
6. Godhong gedang di tata ning jerone ember, banjur lebokne campuran ketan lan parutan kambil
banjur dinet-net sampek alus.
7. Nek pingin alus manih di net nganggo ulekan sing dibungkus plastik dhisik, sak uwise alus ,
bungkus karo godhong gedang lan padetno . Banjur iris
8. Jadah utawa tetel siap dinikmati.
Jajanan ingkang arupi ketos meniko menawi di tingali saking jenenge, gih meniko ketos saking kata khotan saking basa arab ingkang artosipun kalepatan, khotan saged dados ketos margi tiyang-tiyang jawi sering ngubah sebatan jeneng supados gampil angsalipun ngucapaken. Khotan ingkang artosipun kalepatan wau gadahi makna filosofi bilih saking kelepatan meniko kita dados manungsa dituntut supados kedah eling dumateng tindakan ingkang lepat meniko, saking meniko dipun suwun saged ngoreksi.
5. IWEL - IWEL
Iwel-iwel meniko termasuk jajanan tradisional wonten jawi, jajanan meniko termasuk langka amargi jarang wonten peken tradisional , Wonten jawi wetan iwel-iwel meniko wonten nipun wekdal upacara tingkepan, aqiqah, ugi lujengane lare ingkang nembe lair.
Iwel-iwel meniko sampun wonten mulai jamanipun wali. Asalipun saking kata Waliwalidayya. Penggalipun saking dongo kangge tiyang sepah Rabbighfirlii waliwalidayya.......amargi piyantun jawi meniko susah anggenipun ngucapaken, milo dados iwel-iwel. Putra ingkang wonten kandetan utawi sampun lair di suwun dados putra sholeh / sholehah ugi terus ndongakaken piyantun sepahe.
Wonten ugi sejarah ingkang nyebataken iwel-iwel wonten versi sanesipun, saking basa jawi kemiwel wonten basa Indonesianipun Nggemesaken. mbok bilih meniko dados ndonga supados putra ingkang di kandut utawi sampun lair dados putra ingkang nggemesaken, putrane sehat, normal, mboten kirang menopo-nopo ugi remenaken.
Iwel-iwel meniko biyasane dipun bungkus kaliyan ron pisang bentuk ipun limas segitiga, Bahanipun saking wos ketos / glepung ketos di campur kaliyan parutan klopo enem. Gendhis abrit dipun tambahaken wonten sak lebete adonan. Wekdal dikukus gendhis abrit leleh, menawi sampun mateng dipun cokot, gendhis abrit lumer, manis
Carane Gawe Iwel-Iwel
Bahan :
1. Wos direndem 2 lajeng diselep
2. klopo setengah tuek dipun resiki lajeng di parut
3. Sarem 1 sdm
4. Toya umop sak cekape
5. Gendhis abrit ingkang disisir alus kangge isi
Carane Ndamel
1. Campur glepung wos , klopo ugi sarem
2. Siram-siram kalih toyo umop sacekape, ngantos adonanan kados butiran lan sekedik lengket
3. Siapaken satunggal lembar ron pisang, bungkus ipun kados badhe ndamel sekul bungkus. Pendhet
sekedik adonan, isi kalih gendhis abrit ugi tutup kalih adonan malih. tutup ron pisang kados limas
segitiga nagantos adonan telas.
4. Kukus ngantos mateng (ron layu layu ugi wernine dados enem)
Filosofi saking jajan iwel-iwel gih meniko harapan tiyang sepah supadhos kang putra benjang dados putra ingkang bekti dumateng tiyang sepahipun kekalih.
6. PLERET
Pleret , jajanan ingkang di damel saking glepung wos, gendhis ugi santen, jaman sakmeniko jajanan meniko sampun mboten dikenal kalih lare-lare saking jawi. Jajanan khas jawi ingkang biasanipun wontenipun wanci upacara adat ingkang penting ugi diremeni lare-lare, jajanan meniko menawi wonten dusun taksih wonten.
Jajanan pleret meniko biasanipun kangge acara , kelahiran, pernikahan, ingkang dibentuk boneka alit ingkang lucu. Boneka pleret meniko dados lambang pengantin kaliyan setunggal payung wonten inggile. Meniko dimaksud supados pengantin dipun lindungi ugi wonten keadaan remen utawi sedih sampek akhir hayat tetep sareng.
wonten daerah jawi wet, namung wonten daerah tartamtu mawon, sebab pleret sakmeniko sampun digantos kalihan kue tart ingkang dipun anggep sae ugi modern. Jajanan pleret biasanipun ugi di damel kangge acara keleman, gih meniko acara poro petani wanci pantun awit meteng ( berbuah), tradisi piyantun jawi biasanipun nggunakaken pleret. Wonten acara keleman, pleret dipun bentuk kados uler, disukani parutan klopo kersane mirip uler.
Para petani percados bilih pleret uler kasebut saget ngindaraken taneman pantun saking uler supados asilipun panen saget katah. Jaman sakmeniko sampun modern, petani sakmeniko sampun males ndamel pleret, remen tumbas jajanan pasar kanti alasan luwih praktis.
7. BUBUR ABANG PUTIH
Jenang utawi bubur meniko ubo rampe ingkang dingge tiyang jawi wedal kelahiranipun lare. Ubo rampe meniko salah satunggaling gih meniko jenang abrit, jenang petak lan sanesipuun ingkang kagungan makna utawi arti kiyambak-kiyambak.
Jenang abrit lan jenang pethak meniko dipun maksudaken dados lambang gesangipun manungso ingkang kacipto saking toyo kekehidupan tiyang sepahipun. Wonten mriki dados satunggaling sperma utawi dipun lambangaken dados ludiro pethak , jenang abrit ugi jenang pethak dipun artosaken dados simbul dadosipun putra amargi dados satunggaling ludiro bapak ugi ibu. milo niku maksudipun sesaji jenang abrit ugi jenang pethak meniko dados bentuk kito sedoyo kedah hormat dumateng tiyang sepah.

- Jenang meniko gih meniko bubur ingkang rupine pethak, bubur pethak meniko ubo rampe ingkang dipun damel saking wos ingkang disukani sekedik sarem. Bubur pethak meniko dipun maksudaken dados penghormatan ugi pangarep-arep (harapan) tiyang ingkang dipun tujuaken dumateng tiyang sepah utawi leluhuripun supadhos diparingi restu ugi pikanthuk kaselamatan. Kalih nenek moyang tiyang jawi, bubur pethak dimaksudaken dados wiji saking bapak utawi sperma utawi ludiro pethak. Wonten ritual sesaji, ubo rampe jenang pethak niki ugi wonten gandenganipun gih meniko jenang abrit, amargi sedanten gadahi makna kiyambak ugi termasuk jajan ingkang boten saget dipisahaken.
- Jenang Abrit gih meniko bubur ingkang rupine abrit. Bubur abrit meniko ubo rampe ingkang di damel saking wos disukani sekedik sarem ugi dipun campur kalih gendhis jawa kersane rupine dados abrit. jenang abrit dimaksudaken pangurmatan lan panyuwunan dumateng tiyang sepah kersane disukani do'a ugi restu sahinggo pikantuk kaselamatan. Jenang abrit dimaksudaken dados lambang wiji saking ibu utawi ludiro abrit.
Jenang abrit lan jenang pethak meniko dipun maksudaken dados lambang gesangipun manungso ingkang kacipto saking toyo kekehidupan tiyang sepahipun. Wonten mriki dados satunggaling sperma utawi dipun lambangaken dados ludiro pethak , jenang abrit ugi jenang pethak dipun artosaken dados simbul dadosipun putra amargi dados satunggaling ludiro bapak ugi ibu. milo niku maksudipun sesaji jenang abrit ugi jenang pethak meniko dados bentuk kito sedoyo kedah hormat dumateng tiyang sepah.
Komentar
Posting Komentar